Senin, 10 Januari 2011

Tanggul Jugrug Ngancam Masjid

Ditayangkan di jogjatv.tv pada 07 January 2011 19:17 WIB



Bantul, www.jogjatv.tv -Sampunipun nrajang papan dunungipun Warga Wukirsari, Imogiri ing dinten Kemis kapengker(6/1), siti jugrug dumados malih ing Kabupaten Bantul. Tanggul panjangipun 30 meter, ingkang nyangga wewangunan Masjid An Nur, Sidorejo, Ngestiharjo, Kasihan, Bantul, dinten Jemuwah enjing(7/1), jugrug. Menawi dumados jawah deres, wewangunan masjid punika saget risak.

Tanggul inggilipun 12 meter, panjangipun 30 meter ingkang nyangga Masjid An Nur, ing Pedukuhan Sidorejo, Kelurahan Ngestiharjo, Kasihan Bantul, dinten Jemuwah enjing(7/1), jugrug, awit dinten Kemis siyang(6/1), dumados jawah deres ing wewengkon kasebat. Tanggul ingkang sampun mlethek wiwit tumempuhipun lindhu ageng 2006 punika, dumadakan jugrug. Wewangunan Kantor Takmir Masjid ugi jugrug, begjanipun kantor kasebat saweg suwung.

Darussalam, Takmir Masjid Annur mratelakaken, mboten wonten kurban jiwa saklebeting kedadosan kasebat, nanging kapitunan dipun dugi nggayuh welasan yuta rupiyah. Darusalam ngajab supados para pehak ingkang kawogan tumuli cawe cawe. Jalaran menawi mboten tumuli dipun awekani, wewangunan masjid saged risak.

Anang Zainuddin

Tidak ada komentar:

Posting Komentar